Kahanan
Peteng
Dening Slamet Mul
Sunare
srengenge
Gumebyar
Madhangi
jagat
Semut ireng
ndelik ngisor watu ireng
Cetha
wela-wela
Saiki
Langit lagi
kesaput mendhung
Surem-surem
Sorote lampu
awan
Ora
ndandekna kahanan padhang
Iku mung
aweh tandha
Yen sakjane
kahanan ora tumata
Swarane
langit
Gumlegar
ngampar-ngampar
Dhuh, Gusti
kang ngatur langit lan bumi
Tuduhna kula
lampu
Ingkang
saged madhangi qolbu
Banyu
Dening mbah kana
Nibamu lunyu
Semangsa-mangsa
bisa teka
Saka nendi
ora ana sing ngerti
Kabeh
paringe Gusti
Kudu
disyukuri tekan njero ati sanubari
Sewanci-wanci
ilang
Menyang
ngendi ora ana sing ngerti
Mesthi
nlesep njerone bumi kang suci
Aja digoleki
aja diselaki
Niba sapa
sing sengaja tanpa taha-taha
Dadine
kabeh begja mulya
Saumpama
ora ana kabeh sirna tanpa tabet
Ing njero
bumi suci ndlesep
Memala
sukerta kintir katut iline banyu
Saka banyu
kabeh dadi rahayu
Antarane Pecundang lan Pahlawan
Dening Wiji Lestari
Pecundang
kuwi
Mati makaping-kaping
Pahlawan
kuwi
Mati amung pisan
Pecundang
kuwi
Sepi ing tandang
Pahlawan
kuwi
Rame ing bebelan
Pecundang
kuwi
Wedi banjur ngandhang
Pahlawan
kuwi
Wani banjur maju ing
palagan
Pecundang
kuwi
Kalah ing cacak
Pahlawan
kuwi
Menang ing cacak
Sinten
ingkang langkung pirsa
Menapa
werdining urip kang sejati
Yaiku
ingkang memayu hayuning tribawana
Kang
nyuwun langkung wruhing urip sejati
Mugyantuk
nugraheng suksma
Rahayu
raharja niskala
Satuhu....
No comments:
Post a Comment